Kamis, 08 Maret 2012

Sebutane Bocah

Hai hai hai . .
Aku mau bagi - bagi sebutane bocah nih...
Biar kita, Javanese bisa selalu inget Jawa.. Learn and share..

  • Ontang – anting : Anak siji lanang
  • Unting – unting : Anak siji wadon
  • Uger - uger lawang : Anak loro lanang kabeh
  • Kembang sepasang : Anak loro wadon kabeh
  • Cukit dulit : Anak telu lanang kabeh
  • Gotong mayit : Anak telu wadon kabeh
  • Saramba : Anak papat lanang kabeh
  • Sarimpi : Anak papat wadon kabeh
  • Pandhawa : Anak lima lanang kabeh
  • Pancagati : Anak lima wadon kabeh
  • Kendhana - kendhini : Anak loro lanang wadon
  • Keblat papat : Anak papat lanang wadon
  • Sendhang kapit pancuran : Anak telu lanang - wadon - lanang
  • Pancuran kapit sendhang : Anak telu wadon - lanang - wadon
  • Padangan : Anak lima wadon siji
  • Ipil - ipil : Anak lima lanang siji
  • Kembar : Anak loro lair bareng
  • Kembang gantung : Bocah kembar laire sedina
  • Dhampit : Anak loro lanang wadon lair bareng
  • Gilir kacang : Anake giliran lanang wadon
  • Lumpat kidang : Anake akeh ora giliran lanang wadon
  • Gendhong : Anak wadon sing ana tengah - tengah anak lanag
  • Pathok : Anak lanang sing ana tengah - tengah anak wadon
  • Grandhel : Anak lanang pirang - pirang, sing ragil wadon / anak wadon pirang - pirang sing ragil lanang
  • Anggana : Anak akeh keri / kari siji
  • Cemani : Anak ireng mulus
  • Wungle, bule : Anak putih mulus
  • Gondhang kasih : Anak loro beda pakulitane
  • Pambarep : Anak sing nomer siji
  • Penggulu : Anak sing nomer loro
  • Pandhadha : Anak sing nomer telu
  • Sumendhi : Kakange anak ragil
  • Wuragil, waruju : Anak sing keri dhewe
  • Yatim : Bocah lair wis ora menangi bapake
  • Lola : Bocah sing ditinggal wong tuwane
  • Lola bapa (biyung) : Bocah sing ora duwe bapak (ibu)
  • Konduran : Bocah lair sing ibune seda
  • Sumala : Bocah sing lair cacad wiwid lair
  • Thok thing : Bocah sing lair kanthi sirah cilik
  • Julung kembang : Bocah sing lair nalika srengenge mlethek
  • Julung sungsang : Bocah sing lair nalika bedhug awan
  • Jurung sarab : Bocah sing lair ngarepake surup
  • Julung caplok : Bocah sing lair nalika mlelepe srengenge
  • Margana : Bocah sing lair nalika ibune lelungan
  • Wuyungan : Bocah sing lair nalika perang
  • Wahana : Bocah sing lair nalika ana pasamuan
  • Jempina : Bocah sing lair durung titi mangsane
  • Tiba sampir : Bocah sing lair kalung usus
  • Tiba ungker : Bocah sing lair ususe nggubed gulu
  • Wungkul : Bocah sing lair tanpa ari - ari

Menawi mboten lepat, nggih..

Kapundhut saking : Pepak Basa Jawi Lengkap + Pepak Kawruh Basa Jawa . . Maturnuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Thanks for comments . .