Kamis, 08 Maret 2012

SEGA - Nasi

Sega, panganan sing mesthi ana neng Indonesia. Soale, sega kuwe kesenengane wong Indonesia. Nggawene gampange pol. Kur beras, diadhang bareng banyu. Seurunge diadhang, beras dikumbah disit karo banyu, kon dipangan ora kotor. Tapi beras dikumbaeh ora suwe, mbok vitamine padha ilang. Diadhange ya ora kesuwen, mbok geseng, mengko akeh kerake.

Kawit gemiyen wong Indonesia wis mangan sega. Seliyane nggole nggawe gampang, sega ya maregi. Biasane dipangan karo lawuh. Tapi, nek misale, langka lawuh, sega tetep sing paling maregi, sing paling dikangeni, karo sing ora bisa ilang neng ilate wong Indonesia.

Sanajan siki wis akeh roti sing lewih enak, padha bae maregi, karo akeh karbohidrate, kaya sega, tapi sega tetep sing nomer siji.

Pancen, beras, pas arep didadekna sega kuwe ora dibumboni. Tapi! Aja salah! Sega, langka sing nandingi. Seenak – enake lawuh sing ana neng meja makan, kaya iwak, jangan kangkung, tapi langka sega, ora nana rasane.

Siki ya akeh restoran sing panganane kaya wong Barat, aliase segane wis diilangna. Lewih enak maning. Tapi tetep bae wong Indonesia nggolete sega. Sega bisa digawe olahan panganan sing lewih enak, kaya sega goreng, sega timbel, esih akeh maning.

Malahan siki akeh warung – warung rames, nggo wong – wong sing kencoten nggoleti sega. Wis murah, maregi, ya jelas laris. Jenenge be sega. Nggole mangan ya ora mung sepiring. Sing kencot banget, bisa nganti 2 piring apa lewih.

Oya, nek misale sega ora enthong, daripada mambu, sega dipe neng ndhuwur payon, terus digoreng. Jen, akeh banget mbok, kelewihane. Kerake ya bisa dipangan, nggo sing seneng bae.

Neng luar negeri, kaya Singapura, malah ana warung Padang. Isine ya panganan Padang. Tapi, segane rasane ya sejen. Wong ilat karo sing masak be sejen. Enakan sega ndi? Nile dhewek.

Temenan, sega Indonesia sing paling mantep. Rung mangan sega rung wareg . .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Thanks for comments . .